Bab Purwanipun Wontên Tiyang Badui tuwin Cara-caranipun

Kasêbut ing serat Enam belas tjeritera pada menjatakan Hikajat tanah Hindia karanganipun Tuwan G.J.F Biegman sarisakipun karaton Majapahit, nalika taun 1478, ing tanah Jawi Kilèn kadhatêngan ngulama saking Arab, ajêjuluk:Sèh Nuridin Ibrahim bin Maolana Israel, inggih ugi apêparab Kangjêng Sunan Gunungjati, amargi mirit anggènipun adêdalêm ing rêdi jati sacêlakipun kitha Cirêbon nalika samantên ing tanah Jawi Kilèn wontên panjênênganing nata ingkang angrênggani karaton Pajajaran, akadhaton ing Gilingwêsi.

Kacariyos Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika karsa amêncarakên agami Islam inggih punika sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad dinil Mustapha panutuping para ambiya. Sarèhning panggalihipun sarèh lêmbah manah sarta asih ing sêsami-sami, pramila tiyang ing ngriku kathah ingkang kapengin anyêyantrik utawi anggêgêbal dhumatêng panjênênganipun.

Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika kagungan putra ajêjuluk:Sèh Sunan Udin, sarèhning ingkang rama sampun sêpuh:dados kawogan nyulihi minôngka bapa babuning para mukmin pangaubaning para pêkir miskin, ananging Sèh Kasanudin punika panggalihipun sulaya sangêt kalihan panggalihipun ingkang rama, (kalêbêt ing bêbasan: kacang tinggal lanjaran, utawi: banyu mili mandhuwur), awit anggènipun mêncarakên agami sarana wisesa tuwin roda paripêksa, malah kagungan karsa angêndhih karaton Pajajaran, asêngadi mêncarakên agami. Mila lajêng dhawuh dhumatêng para sakabat tuwin para murid ingandikakakên samêkta dêdamêl tuwin sangu, badhe kaajak ambêdhah nagari Pajajaran, sarèhning para sakabat tuwin para murid wau sami rumaos tuwuk tampi kêkucah utawi pêparingipun kangjêng sunan, mila sami gambira ing manah, angajab enggaling campuh pêrang, botên ajrih dhumawah ing sêsakit utawi pêjah, awit botên wontên malih ingkang urup kangge malês sih katrêsnanipun kajêng sunan, kajawi wutahing rah, pêdhoting otot tuwin putunging balungipun.

Wusana anuju satunggiling dintên panjênênganipun Sèh Kasanudin bidhal saking rêdi Jati, angirid wadyabalanipun, kathahipun tanpa wicalan, ananging panganggènipun maneka warna, lampahe wadyabala gumrêgut kados alun anêmpuh rêdi, kumrincinging kêndhali kumrêmpanging pêdhang tarung kalihan gadêbêg, sarta pangêriking turôngga andadosakên, asrining lampah, lêpas lampahing wadyabala, sampun dumugi talatah nagari Pajajaran, samargi-margi ambêbahak tuwin angêngobong-obongi pêkên ingkang kamargèn sami kajarah karayah, tiyang ing dhusun sirna gêmpang lumajêng angungsi gêsang, sami arêbat dhucung asalang tunjang, ingkang kacêpêng pinêjahan, rajakaya sami binoyongan, ingkang purun lumêbêt agami Islam, jalêr èstri dipun gêsangi, sadumugining kitha Gilingwêsi, wadyabala Islam sami nêmpuh sumêja pêjah sabil, enggal angatag kônca-kancanipun kotbuta angrangsang bitinging kitha angrisak baluwartining karaton, lajêng lumêbêt ing kitha angamuk punggung, sarèhning para wirotama ing Gilingwêsi, dèrèng asikêp dêdamêl awit saking botên andimpe mênawi pinrêp ing ripu, mila botên sagêd nanggulang krodhaning wadyabala Islam, mila lajêng sami lumajêng asar-saran ngungsi dhatêng wana, wontên ugi ingkang lajêng asrah bongkokan, lumêbêt agami Islam, satêngah-têngahing dahuru: sang prabu lolos kadhèrèkakên para garwa putra miwah sêntana punapa dene wadyabala sawatawis ingkang trêsna ing gusti.

Kacariyos sarêng para nayaka mantri tuwin bupati ing Gilingwêsi sami sumêrêp mênawi sang prabu lolos, lajêng sami nungkul sadaya, manut lumêbêt agami Islam, sarisakipun karaton ing Pajajaran, nalika taun: 1481 jajahan Pajajaran lajêng kaperang dados tiga

  1. jajahan karaton Cirêbon, ingkang jumênêng nata Kangjêng Susunan Gunungjati
  2. jajahan karaton Bantên, ingkang jumênêng nata panjênênganipun Sèh Kasanudin
  3. jajahan karaton Jakarta, ingkang jumênêng nata ingkang rayi Sèh Kasanudin.

Gêntos kacariyos lolosipun Sang Prabu Pajajaran tindak mangilèn dumugi ing tanah Bantên, ingkang kidul, sarêng dipun antawisakên botên wontên wadya Islam ingkang ambêbujêng lajêng adhêdhêkah ing ngriku, kaprênah ing èrèng-èrèngipun rêdi Kêndhêng urutipun rêdi Halimun (Sanggabuwana) amargi sampun mupus ing galih sarta nrimah dhumatêng takdiring Hyang Otipati, ngantos turun-tumurun taksih adêdunung ing ngriku botên purun pindhah pidalêm dhatêng sanès nêgari, sapunika taksih ugi taksih wontên turunanipun, inggih punika ingkang kawastanan tiyang Badui, manggèn ing dhusun Siboyo, Cikanèkès tuwin Cikamodor, cacahipun kirang langkung sèwu, tiyang samantên wau wontên ingkang kasêbut jalma ing lêbêt, wontên ingkang kasêbut jalma ing jawi.

Mênggah jalma ing lêbêt punika botên kenging langkung saking kawan dasa semah, sarta wontên kêkalih ingkang minôngka lêlurahipun, anama: Gerangpoon kalihan Gerangsêrat, wondene Gerangsêrat punika padamêlanipun dados juru kengkenan, kados ta têtumbas, sêsadean, sarta dados awak-awakipun tiyang Badui angrêmbag prakawis akalihan bôngsa sanès.

Muhamad Tahar, murid calon guru ing Ngayogyakarta Adiningrat

Iklan

Pêthikan Sêrat Puspaudyana: Bab Perangan Jasating Manungsa

arton251

Mênggah gêsanging manungsa punika kaperang dados tigang perangan agêng, ing têmbung Walandi dipun wastani: I. Liehaam têgêsipun badan wadhag II. Ploeidiek têgêsipun rahsa III. Geest têgêsipun suksma utawi pramana sukci. Inggih punika ingkang marentah saisining jaman, dene Ploeidiek tuwin Geest mênawi manungsa sampun dumugi ing janji môngka botên patitis pamisahipun, tamtu adamêl rêncananing pêjahipun, anuntun dhatêng karisakan, pramila tiyang gêsang sampun pêgat-pêgat angèsthi sampurnaning dumadi, murih sagêdipun mancad dhumatêng kalanggêngan ingkang sayêktos.

Bab Lare Bayi

Mênggah bayi punika sanadyan taksih wontên ing guwa garba, amêsthi kabacêm ing rah saking bapa biyungipun, dene rahsa wau kasêsêp dening ari-ari, salajêngipun manjing dhatêng bêbayi, inggih punika ingkang minôngka têdhanipun bêbayi ing salêbêtipun wontên guwa garba. Tandhanipun, bilih bayi wau nêdha: sarêng lair dèrèng sapintên dangunipun sampun wawratan tenja.

Bab Sipating Manungsa

Mênggah ingkang kasêbut ing salêbêting kitab-kitab, kawontênanipun manungsa ing salumahing bumi, sakurêbing langit punika kaperang dados 10 warni, kados ta:

  1. manungsa siphat nabi, mênggah manungsa ingkang sipat nabi, punika tiyang ingkang têtêp ngibadahipun, anêtêpi sarat sunat, sarta asring maos Kuran, tuwin kitab-kitab punapa malih agêng cêcêgahanipun, sidik pangucapipun, anuhoni janji, ngupados rijêki tuwin arta saking barang kalal, purun warah sae manis gujêngipun, asih ing badanipun piyambak saha tiyang sanès, punapa malih rila asêsêgah tamu miwah adêdana ing liyan.
  2. Manungsa sipat wali. Manungsa sipat wali punika tiyang ingkang bêtah cêcêgah kathah subasitanipun, rila ing sok tiyanga, botên mèngèng ing donya asih ing Gusti Allah, punapa malih sagêd mêdal karamatipun.

III. Manungsa sipat malaekat. Wondene manungsa ingkang sipat malaekat punika tiyang ingkang kiyat angirang-ngirangi samukawis inggih punika ngirangi sahwat, nêdha, tilêm tuwin sanès-sanèsipun.

  1. Manungsa sipat eblis, manungsa sipat eblis punika têgêsipun tiyang ingkang awon pikajênganipun saha rêmên durjana juti.
  2. Manungsa sipat setan. manungsa sipat setan punika têgêsipun tiyang ingkang purun ngawoni bangsanipun piyambak, awit gadhah melik dhatêng rajabrananipun pikajênganipun botên sanès, namung supados sagêda enggal cêkap kalihan manah pangôngsa-ôngsa.
  3. Manungsa sipat kajêng: mênggah manungsa sipat kajêng punika tiyang ingkang lêrês pangucapipun, jêjêg lampahipun, nanging suwêng tampa ngèlmi, sagêdipun namung andaludur kemawon.

VII. Manungsa sipat sela: têgêsipun manungsa sipat sela punika, tiyang ingkang antêng sangêt, sanadyan wontêna punapa-punapa inggih kèndêl kemawon, kados kul dipun dulêg, punapa malih tanpa ngèlmu.

VIII. Manungsa sipat toya: têgêsipun manungsa sipat toya punika tiyang ingkang sukci niyatipun, sukci panganggenipun, nanging amung ngajêngakên basa satunggil kemawon.

  1. Manungsa sifat dênawa; manungsa sipat dênawa punika tiyang ingkang kêndêl kalihan wêwaton lêrês, purun nêrak dhatêng barang ingkang kasar-kasar, jalaran botên sumêrêp.
  2. Manungsa sipat kewan: manungsa sipat kewan punika tiyang ingkang tansah cêgah nêdha tuwin tilêm, karêm dhatêng sanggama tur tanpa ngèlmi.

Bab Kawontênaning Panggagas

Mênggah wontênipun wujud punika saking botên wontên-wontênipun gêsang saking pêjah. Tumrapipun dhatêng manungsa inggih makatên ugi. Milanipun manungsa sami ajrih utawi botên purun pêjah, saha ajrih utawi botên purun sirna wujudipun awit ing wau-waunipun sampun nate botên wontên: saha malih sampun nate pêjah. Pantêsipun tiyang ajrih punika yèn dèrèng nate nglampahi, wangsul ingkang sampun punapa lêrês, yèn ta nganggea was-uwas awit ing ngriku (salêbêting pêjah) botên karaos punapa-punapa, tuwin botên anggadhahi rumaos punapa-punapa. Ingkang samantên wau punapa botên kenging kawastanan: nikmat linangkung, pramila punika manungsa prayogi manaha ingkang panjang, supados botên kalintu panampi, pundi ingkang wajib ingajrihan, pundi mêsthi pinurunan (winantunan) amargi mênawi kalintu, andadosakên kirang prayogi. Ingkang wajib dipun ajrihi tuwin ingkang lêrêsipun dipun puruni punika botên tumrap badhe sirnaning wujut saha pêjahing manungsa kemawon, sanadyan lampah tindak utawi nalar sanès-sanèsipun salêbêting donya punika inggih ugi makatên. Menggah sarananipun sagêd manah panjang, supados botên kalintu panampi, manungsa kêdah asring mirêngakên kêkojahan tuwin wêwulang, kêdah tabêri maos sêrat cariyos ingkang maedahi saha isi wêwulang tuwin kawruh sae, sanadyan sadhengah bôngsa, inggih kêdah katitenan sabarang ingkang dipun mirêngakên, utawi ingkang dipun tingali, saha malih kêdah angraosakên, barang ingkang rinaosakên, utawi sabarang ingkang dipun ambêt.

Bab Panalôngsa

Sampun watêkipun manungsa wontên ing ngalam donya, mênawi sawêg manggih kabêgjan, sangêt anggènipun kasupèn, nanging mênawi kataman ing kacilakan sangêt anggènipun kèngêtan, môngka sayêktosipun pun cilaka sampun andingkik wontên sacêlaking cêngêlipun, awit saking sangêting pangêluh saha panggrêsahipun, ngatos kasupèn sarta ical pitadosipun dhatêng Gusti Allah, ingkang adilipun sampun kacêtha ing jagad, kuwasa angêntas kacilakan dhatêng kabêgjan, mênggah kêkalih wau têtela dede urusaning tekad.

Dhuh manungsa, ingkang namung sadrêmi anglampahi, bingah susah mugi sami èngêta dhatêng kridhaning kodrat, kados ta: ing wanci enjing surya malêthèk, sarêng ing wanci sontên surya sêrap, ing wêktu punika Gusti Allah karsa andhawahakên jawah,inggih ugi kalêksanan makbrês jawah dêrês. Tumuntên pêtêng alêlimêngan, lajêng têrang byar sarta padhang têrawangan, samantên wau kodrating Pangeran botên kenging winancenan saha dinugi dening manungsa. Anggènipun manungsa tinitah gêsang dening Gusti Allah, mênawi kagagas kalihan sajatining agêsang, têtela sangêt, bilih gesangipun manungsa wontên ing alam donya namung ngupadosi margining pêjah, jêr botên badhe wontên pêjah, mênawi botên wontên gêsang. Manungsa wiwit lair tinitah ing ngalam donya sampun angalami pêjah, liripun makatên: saya mindhak umuripun, manungsa saya nyêlaki dhatêng êdhonging pêjah. Dados sayêktosipun lêlampahanipun manungsa ing ngalam donya punika sadaya: têtêp kawastanan sakarat ingkang taksih winados. Dene wujudipun sakarat ingkang taksih winados punika warni-warni, kados ta: dados tiyang papa utawi sugih, dados priyantun, utawi tiyang alit, wontên ingkang blatèr anjogèd, wontên ingkang taniyutun, punika sadaya ugi sakarat ingkang taksih winados, cêkakipun punapa-punapa ingkang dipun alami utawi ingkang dipun sandhang ing manungsa wontên ing ngalam donya punika sadaya kawastanan sakarat ingkang taksih winados, mênggah sakarat ingkang taksih winados wau ugi botên beda kalihan sakaratipun tiyang badhe pêjah, inggih punika nalika badhe pêcating nyawa: wontên ingkang awon, wontên ingkang sae, ingkang awon kados ta: budi angkara, anglampahi nêrak anggêr-anggêring Allah, para cidra, jina, kadursilan, jail, muthakil, drêngki, dahwèn, panastèn sapanunggilanipun, sadaya wau namung rêringkêsanipun kemawon.

Wusana sarèhning manungsa wiwit ing lairipun sampun amiwiti pêjah, dados anggènipun tinitah sugih miskin, luhur asor, pintêr bodho, sadaya wau namung anêtêpi sakarat ingkang taksih winados, ingkang makatên wau amêsthi badhe damêl tipis mênggahing kadagingan sarta kajiwanipun, inggih punika jasmani akalihan rokhani, mênawi botên kaparsudi kalihan saliring kangelan, sagêdipun manggih kunci, kangge ngwêngakakên gêmboking suwarga. Kunci wau panggenanipun botên wontên ing sagantên latu utawi ing wanawasa, kinêkêr ing asamar, dumunung ing jagading manungsa piyambak.

Bab Kawruh Kasampurnan

  1. Ihtiyaring kita punika punapa sagêd anyandèkakên takdiring Allah. Wangsulanipun: botên, nanging kawastanan sagêd, lo, kadospundi, dene têka botên manggèn utawi botên cècèg, ingkang makatên punika jalaran têmbung wau saking samaripun, amargi ingkang kagadhuhakên tumitahing ngalam donya punika kêdah ngagêngakên ihtiyar, awit sadaya titah botên kaparingan sumêrêp watêsaning takdir, tamtu badhe nyêpênakên ihtiyar. Mênggah wajibing titah (têgêsipun kawula) kêdah angêncêngakên pisahipun ihtiyar kalihan takdir, dene wajibing Gusti ingkang ngasta panguasa, angêncêngi ihtiyar takdir wau satunggil, dados wontên ngibaratipun: takdir punika uwit, ihtiyar punika ronipun, ngajêng-ajêng sagêdipun badhe sêkar, pêntil tuwin uwoh.
  2. Salêbêting maladi êning, punapa ingkang dados tandhanipun katarimah. (Wangsulanipun) mirit saking cariyosipun para sêpuh-sêpuh ing jaman kina, ingkang sampun nate anglampahi, ingkang dados tandhanipun katrimah wau warni-warni, kados ta: wontên ingkang kacêtha salêbêting netra, wontên ingkang kapiyarsa saking swara, nanging ingkang kacêtha wau taksih bôngsa siswata (têgêsipun jarene).

III. Ebahing cipta awon akalihan cipta sae punapa tunggil ingkang ngebahakên. (Wangsulanipun) manut wêwarahipun para sagêd makatên: 1. napsu, budi, suksma, punika wajibipun angebahakên wolung prakawis, kados ta: 1 urip, 2 luwe, 3 ngêlak, 4 sahwat, 5 sêrêng, 6 supe, 7 bingung, 8 pangling, dalah kosokwangsulipun pisan. 2. rah, punika wajibipun angebahakên kawan prakawis, kados ta: 1 santosa, 2 bingah, 3 raharja, 4 saras, sarèhning babagan kêkalih wau tuwin tandukipun sanès-sanès, dados angèmpêri ingkang kawajiban angebahakên wau ugi sanès-sanès.

Surabaya Bêsar Je ôngka 1830

Kaimpun dening Mas Sastradiharja. Kandhidhat guru ing Surabaya.

KALIDJAGA

????? KALIDJAGA Sêsorah Radyapustaka Sênèn kp. 7 Mèi 1956 jam 8 sontên dening: G. P. H. Hadiwidjojo Distensil oleh Stensil “Kaha” Solo BÊBUKA Sangêt andadosakên suka pirênanipun pangrèh, dene sêsorahipun pangarsa GPH. Hadiwijaya ing pêpanggihanipun Radyapustaka wulanan kala Sênèn kp. 7 Mei kapêngkêr bab “Têgêsipun Kalijaga” katingal mranani para pinarak, katitik anggènipun sanalika rampunging sêsorah, sami minta dipun capakên. Pancèn pangèsthinipun Radyapustaka rumiyin mila nyêbar kawruh, sasagêd-sagêd ingkang lajêng gampil tinampèn para miyarsa. Mila tawenan kiwa-têngên sêsorahipun para sarjana manca-praja inggih botên dipun tampèni, jalaran sanadyan wontên ingkang sagah njawèkakên sanalika, pamanahipun pangrèh tagsih[1] wontên pakèwêdipun.

  1. Mirêngakên wêdhar sabda ingkang botên ngrêtos têgêsipun, mênika adat botên sênêng, têmbungipun manca “vervelend”. Yèn dipun Jawèkakên botên marêm.
  2. nJawèkakên = vertalen, mênika putusa[2]basa kalih pisan – ingkang dipun pêrtal kalihan ingkang kangge mêrtal – yèn botên ngrêtos babaganipun, malah asring klinta-klintu.
  3. Pakèwêd yèn sinêngguh “kagêngên jangka kawiyarên jangkah”.

Pamintanipun para pinarak wau dados pamanahanipun dhirèksi, awit ingkang sampun kalampahan, paminta mênika botên sêmbada. Wujudipun botên sadaya ingkang ndhaftarakên, mudhut babaranipun buku. Nanging nyumêrêpi dêrênging paminta grêngsênging pamiyarsa kalaning sabda winêdhar, kaputus sêsorah dipun capakên 100 rumiyin kangge cobèn-cobèn. Alkamdulillah sêsorah tumuntên ambabar, sagêd nyade ing paklêmpakan candhakipun, pajêng 36 buku, tumètèsing mangsi kula mênika malah sampun têlas. Mangka wêlingan tagsih lumintu. Mila putusanipun dhirèksi, dipun capakên malih 100 mawa korêksi, ewah-ewahan tuwin wêwahan ingkang tampining sêsêrêpan pamêdhar sabda sabibaring sêsorah. Minangka panutup dhirèksi nyuwun gênging pangagsama,[3] dene buku ingkang sampun kawêdalakên, kathah korèksèn ingkang kalangkungan, mangka wontên ingkang prêlu, i.m.:

  1. kaca 1 larik 14 saking nginggil nèm2an lêrêsipun nènèman
  2. kaca 2 larik 9 saking ngandhap ngêsul2 lêrêsipun ngêsuk2
  3. kaca 3 larik 3 saking nginggil I.S. lêrêsipun Ingkang Sinuhun
  4. kaca 3 larik 4 saking nginggil bade lalampahan lêrêsipun badhe wontên lalampahan
  5. kaca 3 larik 24 saking nginggil 8 lêrêsipun 9
  6. kaca 3 larik 14 saking nginggil Kanadasanan lêrêsipun Kawandasanan
  7. kaca 9 larik 5 saking nginggil sasagêdipun lêrêsipun sasagêd2-ipun
  8. kaca 9 larik 8 saking nginggil Mois, lêrêsipun Bois
  9. Kaca 9 larik 7 saking ngandhap kalaras2 lêrêsipun kalarasakên
  10. kaca 11 larik 12 saking nginggil dene lêrêsipun dede
  11. kaca 12 larik 15 saking ngandhap katajbur lêrêsipun Kacabur
  12. kaca 15 larik 9 saking nginggil Nyai Wuji lêrêsipun Nyai Wiji
  13. kaca 15 larik 10 saking nginggil Sêlan lêrêsipun Sêla
  14. kaca 16 larik 9 saking ngandhap têmung lêrêsipun têmbung

Direktur: RONGGOWARSITO KALIJAGA Sêsorah Radyapustaka Sênèn kp. 7-5-’56 jam 8 sontên Nuwun pangarsa, parêpatan ingkang minulya! Sontên mênika kula kadhawahan urak malih, mbanjêli Sdr. ingkang pamit sakit. Badhe mopo pakèwêd, dening rumaos kawajiban, tur mawi dipun pêgsa[4] pangrèh. Mila inggih namung sak wontênipun, ngoncèki têmbung Kalijaga, ngiras minangka sambêtan angsal-angsal kula, nalika ningali Muludan Cêrbon kala samantên. Yèn wontên tuna dungkapipun, mugi sami ngêgungna pamêngku, sarta nyênyadhang ewah-ewahan utawi wêwahan, kangge nyampurnakakên sêsêrêpan. Sdr. Kalijaga makatên limrahing ngakathah winastan namanipun kuwalèn R. Sahid “Kj. Sunan Kalijaga”, sutanipun Tumênggung Wilatikta ing Jêpara. Nènèmanipun mbluntah sangêt: madat, ngampak, ngècu, maling, mbegal, ngabotohan, bandrèk, jina, marjaya tiyang, cêkakipun sakaliring maksiyatan, ngantos dipun sebratakên ingkang rama. Kapokipun sarêng kêtanggor mbegal S. Bonang kataman mukjijatanipun, martobat lajêng puruita ngantos winêca yèn badhe dados wali. Limrahipun ngakathah malih, wontênipun pêparab Kalijaga, jalaran lampahipun “jaga-jaga pinggir lèpèn”, mila sintêna ingkang nêdya kapanggih, kêdah nglampahi kungkum ing lèpèn utawi wontên pinggiripun. Kathah ingkang makatên. Ewadene kajawi ingkang badhe kula andharakên mangke, dèrèng nate mirêng ingkang pinanggih wêwantahan. Yèn namung dipun kêtingali grêmêng utawi sa-klebatan kemawon, wontên, kacriyos agêng inggil pangagêman sarwa wulung. Mênika sababipun kaawisan mangangge sarwa wulung, mindhak ngêmbari sang wali panutup. Dalah udhêng wulung kemawon botên kenging byur, botên ketang namung satlênik, kêdah dipun sukani pêthak. Adatipun salah satunggaling pojokan botên katut kawêdêl; inggih namung satlênik sayêgtos.[5] Yèn kangge kadhawahakên cêkokan, supados botên katawis. Wontên ingkang kêmadanipun rintik, nama udhêng rintik. Malah pèni. Para mudha ingkang botên mênangi “jaman jalêr jlamprah”, prêlu kula pratelani, yèn udhêng wulung makatên ing Surakarta kangge samangsa cara Wlandi, têmbungipun samangke pantalonan of internationaal, tanpa kuncung. Yèn para gusti dêstharipun angsring rintik, kuncung kajênthitakên dipun pênêtêpi sêsotya. Panêtêp wau barang mina = speciall, winastan jênthitan. Kacriyos anggitan Ingkang Sinuhun kp. VIII. Yèn Ngayogya cara Wlandi udhêngipun modang, pasisir limrahipun bathik. Kathah-kathahipun wontên ingkang sabên malêm Jêmuah kungkum dhatêng Bacêm mangangge sarwa wulung. Ingkang kula têpangi satunggal gadhah ringgit tiyang, angsring njogèd piyambak dados Wrêkodara, satunggalipun bangsa Tionghwa gadhah restoran. Sami nyuwun palarisan; ingkang Wrêkodara inggih sagêda kaonang-onang, populèr. Dene anggèning sarwa wulung wau, mênapa kanthi pangajêng-ajêng pinanggih kaliyan Kj. Sunan Kali, mênapa namung mituhu pakèning guru, kula kalepyan takèn. Lajêng wontên malih Sdr. ajêg sarwa wulung, mênapa kangge lampah, mênapa saking kêcomprengan, botên sumêrêp. Karêmanipun ningali nayuban, ngêsuk-êsuk pados ngajêng, lajêng njawat masajêng tlèdhèk. Pratelanipun Mr. Jayakusuma, “lèpèn” makatên dangu-dangu dipun têgêsi “toya”, dados yèn nêdya pinanggih K.S. Kalijaga, botên susah dhatêng lèpèn, janji cêlak toya: bêlik, sêndhang, sumur ss. Lacutipun cêkap ngadhêp cuwo sêkar sêtaman. Saminipun sajèn ayam; sakawit jago utawi babon, dangu-dangu dados kêmanggang, lajêng kutug, lajêng tigan, lacutipun arta sabinggol. Ajining tigan. Dhawuh dalêm I.S.I. Minulya, kala jaman I.S. Kp. IV santana dalêm RM. Riya Padmawinata saking bantêr lampahipun sagêd pinanggih, lêrês agêng inggil sarwa wulung, dipun dhawuhi munjuk I.S. yèn badhe wontên lêlampahan nganèh-anèhi. sarêng munjuk, saèstunipun ndadosakên èmênging panggalih dalêm, lajêng dhawuh madosi, kadospundi sèlèhipun. Tigang taun anggèning nggêntur, sawêg sagêd pinanggih malih, thênguk-thênguk ngrangkul jêngku wontên pinggir Bêngawan Jurug. Botên pandung, lajêng dipun sikêp saking wingking kanthi alok “hla iki kyaine” Nuntên ndhodhok nyêmbah matur rèhning dinuta. Inggih sawêg mênika, mirêng piyantun kêpanggih Kj. S. Kalijaga wantah-wantahan. Kawan dasanan taun sapriki salêbêtipun kula sipêng ing salah satunggaling kabupatèn T. Pasundhan, sabên sêrap mirêng para sêpuh wanita nuntun lare-lare jalêr-èstri ngidung wontên salêbêting griya. Pangudaraosing manah, “kadospundi nalaripun kidungan sagêd dumugi ngriku, dening kacriyos yèn anggitan dalêm I. S. kp. IV, mangka jaman samantên sêsambêtanipun Surakarta-Pasundhan sampun dipun pêdhot waras-warasan dening si pênjajah”. Wontên kaol sanès, yèn anggitanipun Pangeran Karanggayam Sujanapura, pujangga Pajang. Dene ungêling kidungan ingkang kacathêt ing manah, sêkar Dhandhanggula pada 9: Sing sapa rêke bisa nglakoni, amutih lan anawaha,[6] patang puluh dina wae, lan tangi wêgtu[7] subuh, lan dèn sabar sukuring ati, ingsa Allah tinêkan, sakarsanirèku, tumrap sanak rayatira, saking sawabe ngèlmu pangikêt kami,[8] duk anèng Kalijaga Lajêng judhêg manah kula, jalaran dèrèng nate mirêng yèn Sinuhun Bagus nate wonten Kalijaga utawi têdhak mriku; Pangeran Sujanapura dalêm ing Karanggayam. Limrahipun Kalijaga makatên asmanipun wali ingkang sumare ing Kadilangu. Dados kidungan mênika yasanipun sintên? Repot … Rèhne bêtah kula namung ngoncèki Kalijaga, bab ingkang damêl kidungan kula sumênèakên rumiyin, ngêntosi angsaling sêsêrêpan. Ewadene yèn mangke gliyak-gliyak sagêd katut kacêpêng, nama bêgja kamayangan. Sdr. Mirit ungêl-ungêlaning kidungan wau, têtela yèn Kalijaga mênika panggènan, dede namanipun sêpuh of Kuwalèn R. Sahid, dupèh rêmên jaga-jaga pinggir lèpèn. Têrangipun S. Kalijaga makatên karan padunungan, kados S. Muryapada, S. Têmbayat, K.A. Karanglo, Jaka Tingkir, Aria Jipang ss, yèn samangke rest. Surabaya, bupati Têgal, wêdana Salatiga sp. Namanipun piyambak R.Sahid, saminipun S. Giri-R. Satmata, S. Ngampèl-R Rachmat, K.A. Sela-Abdulrachman sp. Bab S. Kudus karêmbag wingking. Wanita Pasundhan mênika, sanadyan botên ngrêtos têgêsipun, ngandêl sangêt dhatêng dayaning kidungan, sabên sêrap tamtu dipun cakakên, kados yèn kula muji ndrêmimil sapatah kemawon botên ngrêtos têgêsipun, tur ing nalar kapara klintu pakêcapanipun, upami alamtara kaepapa ngala rêbuka”” sp. Hla mênapa wontên sdr. Arab ingkang ngrêtos? Namung pitados dayanipun. Mênika ingkang nyawabi.” Ngantos dumugi taun 1935, semahipun kanca-kanca kula Sundha ing Jakarta tagsih wontên ingkang sabên sêrap ngidung. Mangka ing Surakarta kenging winastan sampun botên njaman. Antawis 25 taunan sapriki kula pinanggih dr. Rinkes panyurat[9] sêjarah wali ing TBG sêsirah “De heiligen v. Java”, kula takèni bab S. Kalijaga, wangsulanipun “lêrês karan dhusun” sakilèn Cirêbon. Parandene manah tagsih ganggam, dening rumaos kirang pasagsèn,[10] miwah kadayan pasrawungan ingkang sami ngugêmi “jaga-jaga pinggir kali”, ngantos dipun kramakakên “Sunan Lèpèn. Botên anèh, tiyang sami botên gadhah têtandhingan. Nadyan mèh sadhengah wrêdha apal kidungan, dados lêrêsipun sumêrêp ungêl-ungêlan “pangikête duk anèng Kalijaga”, ewadene satunggal kemawon botên wontên ingkang manah. Sampun adat, apalan pancèn sok makatên, ngicalakên panyuraos. Miwah kidungan makatên pujian sontên, dados babagan kudus = heiling, ajrih nggagas, wontênipun namung ngandêl. Kajawi makatên tamtunipun para miyarsa inggih pirsa, yèn aji japa mantra, pujian ss, mênika angsring[11] botên kenging sinuraos murad[12] maksudipun; angsring pating plêncat ikêtanipun, botên mantuk ukaranipun, tuwin anèhing têmbung-têmbung ing pasrawungan botên wontên. Malah wontên ingkang tanpa têgês babarpisan, têmbungipun manca “nonsêns. Ewadene ngeram-eramakên mandinipun! Wetenschappelijk onverklaarbaar … Kalijaga mênika rèhne asmaning wali, panuntuning agami, ing pasantrèn wontên ingkang ngincok-incokakên dhatêng têmbung Arab: chadli zaka = “pangulu agêng suci” Lêrês lêpating wêwêrdèn lan anggèn kula ngêcapakên, borong para ahli, awit basa Arab kula buta huruf. Ewadene Kalijaga dipun Arabakên, botên nyuwawèni, jalaran:

  1. Gênah yèn têmbung Jawi lugu,
  2. Sampun dipun pratelakakên ingkang nganggit kidungan = Kj. Sunan piyambak, yèn pangikêtipun “Duk anèng Kalijaga”,
  3. Sinêgsèn dr. Rinkes yèn namaning dhusun bawah Cirêbon,
  4. Dhusun nama “Pangulu agêng suci” Botên sagêd, sêtun Pangulon = nggoning pangulu, Modinan = nggoning modin, Kauman = nggoning kaum sp.

Lajêng nama ingkang lêkasipun Kali, nunggil jaman tur inggih dinunungan Sunan, mênika Kalinyamat, dipun Arabakên mênapa? Yèn botên, lêpatipun mênapa? Dene dhusun tuwin kampung ingkang ugi mawi Kali kathah, ingkang calak-calakan kemawon: Kalijênês, Kaliwingka, Kaliwungu, kilèn Sêmarang, Kalimênur, Ngayoja ss, menapa inggih sami dipun Arabakên? Saiba têlasipun nama-nama Jawi … Ingkang nunggil babagan miwah nunggil jaman S. Giri, S. Bonang, S. Ngudhung, S. Kudus sp., têka botên dipun Arabakên? Wangsulanipun pitakèn mênika kula sampun sagêd nggagapi: “amarga padha karan padunungane Lêrês. Giri, Bonang sami gênah prênahipun. Sarêng Ngudhung pundi, lan kok botên dipun Arabakên pisan? Kalijaga kok botên dipun padosi prênahipun rumiyin, têka lajêng dipun prusa kemawon yèn Arab. Wangsul ingkang wela-wela Arab botên dipun paèlu, i.m. naminipun timur Kj. Sunan “Sahid”, “Syahid” = pahlawan, held, hero. Tiyang sêpuh namakakên anak mênika angsring pèngêtan, naluri, pados wilujêng, dipun sae-sae utawi pangudang-2. Tumrap putranipun T. Wilatikta pangudang-2 langkunga samining dumados: “Syahid, Pahlawan, Held, Hero, inggih nêtêpi sayêktos, dados pahlawan agêng agami, Wali Panutup, pinundhi-pundhi dumugi sapriki. Mugi ambarkahana para miyarsa sakukuban sumarambah dhatêng pamêdhar sabda! Miyarsa Kala wau kapratelakakên yèn Kalijaga makatên têmbung Jawi kluthuk, ingkang Arab malah namanipun timur Syahid, botên kapaèlu. Mangka meervoudipun Syuhada kangge namaning mêjid inggal ing Ngayoja. Kok malah sami pandung. Kajawi punika têmênipun wontên malih têmbung Arab kangge namaning kitha ingkang langkung kêrêp kacakan, malah babarpisan botên dipun sumêrêpi, i.m. “Kudus = Hellig”. “Sunan Kudus = de Heilige Sunan”, saminipun Kj. Santo Bapa Paus = de Heilige Vader agêng-angêngipun pandhita Katoliek, S. Kudus inggih agêng-agêngipun wali, jalaran panguluning para wali. Dipun Heiligakên sampun samêsthi! Dados dhusun Kudus, samangke kabupatèn tuwin kitha, mênika karan ingkang dêdalêm de Heilige Sunan, kadosdene Ngadijayan, Pugêran, Kalitan ss. Kosokwangsul kalihan para wali, sami karan padununganipun. Upami wontên ingkang nyoal “Kudus namaning dhusun, Kj. Sunan ingkang karan dhusunipun kados para wali sanèsipun”, wangsulan kula: “sasumêrêp kula ing riku botên wontên pêpundhènipun”, dados mokal yèn ta dipun kudusakên. Awit limrahipun nama panggenan makatên alêsan kawontênan: Candhi petak, wontên candhinipun kapêndhêm Cêmara sèwu, wana cêmara Bulak amba, bulakipun inggih ngedap-edapakên wiyaripun. Dalah nagari Walandi inggih makatên: Amstêrdam pinggir bêngawan de Amstel Rottêrdam pinggir bêngawan de Rot sp. Upami ingkang kanamakakên Kudus mênika Dêmak, mantuk, awit wontên mêjidipun pêpundhèn, dados jiyarahanipun kaum Islam satanah Jawi. Dus Heilige Stad, kados Mêkah. Kala wau sampun kacriyosakên yèn panguluning para wali makatên S. Kudus, kadospundi sagêdipun R. Sahid jujuluk “Pangulu” tur mawi “agêng suci”, yèn dede pangulu? Mênapa jamak pangulu kalih? Malah ujaring babad saadêgipun mêjid Dêmak para wali sami klêmpakan pêrlu nêtêpakên pangulunipun -iman- botên wontên ingkang sagah; Kj. Sunan Kalijaga nyuwun dados naib, sanèsipun namung marbot kemawon. Dados saya cêtha yèn asmanipun Wali Panutup Botên Sagêd têgês Pangulu! Awit saking andharan kasbut nginggil, kayakinan kula yèn namaning kitha Kudus mênika têtela karan sêsêbutanipun ingkang bêbadra, lêrêsing kasusastran kêdah mawi panambang “an” = “Kudusan” kados: residhenan, mayoran, tumênggungan ss. Anggèning botên makatên, bokmanawi rèhne têmbung manca, sumêlang yèn cawuh kalihan dolanan “kuwukan”, jamuran, tombaran ss., tuwin simpênan arta “celengan”. Kirang mungguh ingatasing dalêmipun gêgêdhuging pêpundhèn. Lajêng wontên nama tuwin pangkat ingkang padununganipun botên kenging dipun panambangi “an”: Suleman Panêmbahan Parikrangkungan sp., dening pungkasing têmbung sampun an. Mangsuli anggèning Kalijaga dipun Arabakên, mênika bangsa Tionghwa malah wontên ingkang malik grimbyang nggêgêgi yèn para wali lan linangkung jaman kina, mênika sayêgtosipun dede Jawi, ning bangsa Tionghwa, tandha yêkti nama-namanipun: Sahid = têmbung Cina, “SA-IT”: sa = 3, it = 1 = 31, pèngêtan kala miyosipun, ingkang rama sawêg yuswa 31,

  1. Bonang = Be Bing Nang

K.A. Gribig = Siauw Dji Bik

  1. A. Pêngging = Hong Pa Hing

Sult. Pajang = Na Pao Tjing sp. Mênapa kula inggih ngandêl? Kosokwangsulipun babad nama-nama Wlandi inggih ngodhêngakên: Murjangkung = Jan Pirterzoon Coen Setolomondo = Baltazar Tout le Monde Onggodoro = Hohendorff Redetede = Van de Reede tot de Parkelaar Wirabumi = Herrebaume sp. Mênapa sakintên wontên Wlandi ingkang purun nêgsèni:[13] ya, zo heten ze? Ingkang nggujêngakên dolananipun lare-lare alitanipun anak-anak kula: sadubilahi helminah mimangsah sp. Kala sawêg mirêng, judhêg anggèn kula madosi, ngothak-athik botên sagêd gathuk. Sarêng sumêrêp panindakipun, sawêg èngêt yèn dolanan kula nalika wontên Frobelschool: “zakdoekje leggen, en ik wil aan niemand zeggen”. Sientje laat me los dados “Siensien melat-melot” Hoe dankbaar is, mijn lieve hond dados “uadang baris meliepe kon” gerah blêgudrêg = hoge bloeddruk ss. Miyarsa Kawontênan warni 3 wau tuwuhipun inggih warni 3:

  1. Ingkang Jawi nyantuni nama-nama Wlandi namung saking klintuning pamirêng, dening botên sagêd basa Wlandi. Tumusipun botên sagêd nêkuk ilat kados Wlandi. Botên anèh.

Kula gadhah mitra luhur bangsa Frans, tobatipun yèn prêlu ngêcapakên “genoetschap”, amargi basanipun piyambak botên gadhah “g + sch”. Walandi yèn kêtanggor sigêg wignyan jimbit: Salèh = Sale Malèh = Male Patih = Pati olèh-olèh = ole-ole sp. Sampun makatên adat kêdalipun bangsa yèn ngêcapakên dede basanipun piyambak: angsring kabêgta saking botên gadhah agsaranipun, angsring pancèn bèntên pamirêngipun, upami jago kluruk: Jawi – klukukuruk Wlandi – kukeleku Sundha – kongkongkerongkong ss. Kajawi yèn sampun kalatih wiwit alit, upami cara Wlandi wiwit Frobelschool. Mila nama-nama ing Eropah ingkang bangsa sanès botên sagêd ngêcapakên, inggih namung sasagêdipun kemawon: Walês – Gales te Mechelen – Malines Wroclav – Warsohau Yèn nama Wetanan: bêngawan Shindhu – Indus Candragupta – Canderkotos Damsiq – Damaskus sp., malah wontên ingkang ngantos dipun pertal: den Haag – le Haye ‘s Hertogenbosch – Bois le Duc. Upami katiru nama-nama kawi dipun Jawèkakên: Atmajahnawi: atma – anak, jahnawi – kali, Tirtakusuma: tirta – banyu, kusuma-kêmbang }anak kali = kalèn = pk kalèn, kêmbang banyu = unthuk = pk unthuk, saiba ribêtipun! Dados nama-nama manca ing kajawèn namung sasagêding nêkuk ilat: Frederiklaan – Pendrikan Melborrough – Malioboro Huize Henri – Loji Gandrung, botên anèh. Murih sirnaning rangu-rangu bab nama loji gandrung, pêrlu kula têrangakên, yèn mênika ingkang yasa randhanipun Tuan H.A. Dezentje Karanganom, nama ngajêng = voornaam “Henri” – mila karan Andri – Rampungipun panggarap kanamakakên “Huize Andri” minangka bêbêgtènipun dhatêng gurulaki ingkang sampun sawarga. Mila sêkaran tègêl kantoranipun pk Walikota “H” = “Henri”. “N”-nipun Frans bindhêngan, bangsa kula botên sagêd, gampilipun dados gandrung. Anggèning masyarakat mêrdèni warni-warni, ingkang nggujêngakên “gandrungipun I.S. kp. X dhateng GKR. Mas. Mangka kala krama dalêm loji gandrung dèrèng paja-paja wontên! Hla tiyang “herendienst” dados “irêng dhinês”, dangu-dangu dipun kramakakên “cêmêngan”, saking “heren – iren – irêng”. domme kracht, dados “dungkrak of “domkêras”.

  1. Pangakên Tionghwa wau kasaranipun tekad-tekadan, ing nalar tuwuhipun sawêg jaman akir. Bokmanawi kabêgta saking kala samantên dèrèng wontên of dèrèng kathah Tionghwa pranakan, dados tagsih sami pelo, botên sagêd ngêcapakên nama-nama pribumi. Samangke kemawon ingkang singkèk rak inggih tagsih makatên, yèn cantênan awis tiyang ngrêtos.

Hla tiyang: stroop dados “titêlu” Bruineman dados “Bunaibun” Subrata dados “Subolotoa” sp. Sdr. tuwa saya nggujêngakên: Grompol – ngurumupuru olèh-olèh – urihu-urihu Bols – burusu Hitler – Hitzuru sp. Cangkriman ajêgan … Akiripun nama-nama wali ingkang sakalangkung mlèsèt pakêcapanipun wau, dipun êncupi dening fanaticie Tionghwa, katêtêpakên yèn sadaya bangsanipun.

  1. Kalijaga dipun Arabakên mênika damêlanipun bangsa piyambak prusan; têmênipun kathah bangsanipun kados makatên, ngantos dumugi nama-nama wayang ss:

Petruk – fatruq Janaka – Zinaka Nêrada – Nur hudah. Sêratan Latin “Islam” mênika satunggal-satunggaling agsara katêgêsan kawitanipun salat 5 wêgdal I – isa S – subuh L – luhur A – asar M – mahrib Tiyang sêpuh tuna sêsêrêpan kados kula, wontênipun namung ngudaraos “Kok nganti sêmono … ” Sadhèrèk! Mirit suraosing sêrat-sêrat ingkang sampun kula sumêrêpi, Kalijaga makatên gênah yèn dede namaning piyantun, nanging dhusun tlatah Cirêbon i.m.:

  1. Wosing suraosipun sêrat sêjarah Bantên kawrat ing dêsêrtatienipun Prof. Dr. R. A. Hoesein Jayadiningrat “Critiesche beschouwingen vd sêjarah Bantên”, sasampunipun R. Sa’id lêbda anggèning nggêguru dhatêng Pangeran Bonang, lajêng lêlana dumugi Palembang, pinanggih Dara Pêthak, nuntên sêsarêngan dhatêng pulo Upih, puruita dhatêng Sèh Sutabris. Sarampungipun, dipun dhawuhi wangsul ngajawi dhêdhêkah ing Cirêbon sacêlakipun lèpèn alit, sadea wêlit, supados tumuntên kawuningan ingkang kagungan nagari. Ing têmbe padhêkahanipun wau, kanamakakên Kalijaga.
  2. Kitab Wali Sêpuluh karanganipun Sdr. Kartosujono cap-capan Tan Khoen Swie 1950: “Tuan Sunan Kalijaga yang dhulu kratonnya adha dhi tanah Pusêrbumi (Cirêbon)”. Namaning Kraton botên kasêbut, ning tancêbipun Cirêbon, sami kalihan angka 1. Amung anggèning dipun wastani Pusêrbumi, kula sawêg mrangguli mênika. Limrahipun bangsa kula ingkang winastan Pusêrbumi, mênika Mêkah, saking wingidipun srêngenge botên wani ngungkuli. Yên pusêring T. Jawi, rêdi Tidhar yang[14]Magêlang
  3. Kidungan musium cap tuwin gadhahan kula carik:

… saking sawabe ngèlmu pangikêt kami, duk anèng Kalijaga”

  1. Sêrat Sèh Mlaya musium, Sanapustaka, gadhahan kula, sami carik:
  2. pupuh Smarandana pada 4:

Anulya kinèn angalih, pitêkur ing Kalijaga, mila karan kêkasihe … cêtha wela-wela yèn dede nama, karan dhusun. Wondene ingkang dhawuh pindhah, S. Bonang sasampunipun tamat kawêjang. b.nunggil pupuh pada 12: Wus têlas dènnya wêwarti, Njêng Sunan Bonang samana, jêngkar sing Kalijagane … Saya cêtha yèn dhusun.

  1. Sêrat Walisana carik gadhahan kula pupuh Pucung pada 29″

Inggalipun, wus raharja ponang dhukuh, kathah kang awisma, pradesane wus sarwa sri, sinung aran padhukuhan Kalijaga Lajêng nyariyosakên wangsulipun saking samodra dipun wêjang KN. Kilir, sêkar Gambuh pada 33: Upami sêkar kuncup, mangke sampun mangsane cumucup, ngambar-ambar gandane kasturi jati, ing wasana lajêng kundur, tan wangsul maring Cirêbon. pada 34: Mring padununganipun, Kalijaga pan lajêng misuwur … pada 35: Sèh Malaya kasêbut, apan saking padalêmanipun, nênggih Sunan Kalijaga wêwangi …

  1. Walisana wêdalan Sadubudi 1955 kaca 111:

angka 33: Mring padalêmanipun, Kalijaga pan lajêng misuwur, Sèh Malaya anrus kadibyaning ngèlmi … angka 34: Sèh Malaya kasêbut, apan saking padalêmanipun, nênggih Sunan Kalijaga wêwangi …

  1. Babad Cirêbon anggitanipun pangulu Abdulqahhar ing Cirêbon:
  2. “Carang sèkêt pitu panging kandha caruh, anyarita ingkang, putra Susunan Lèpèn, kang nama Radèn Panggung anungsung rama”
  3. “Marang Kalijaga ing kono pinanggih sru” sp.
  4. Ngalamat: titêlipun Sêrat Kidungan TAN KHOEN SWIE cap-capan kp 3 taun 1952, nyêbutakên: … ikêtanipun Kg Susuhunan Kalijaga …

Sadaya wau gamblangipun kados makatên, mênapa inggih tagsih bêtah komêntaar? Dados têrangipun Kj. Sunan Kalijaga mênika karan dhusun, dhusun Kalijaga bawah Cirêbon. Ingkang kula sumêrêpi namanipun piyambak:

  1. R. Sahid
  2. Sèh Malaya
  3. Lokajaya
  4. Sèh Joharmanik
  5. Pangeran Jayaprana.

Wêwah saking Babad Cirêbon kasbut nginggil:

  1. Sida Brangti, yèn ndhalang pantun wontên Pajajaran.
  2. Ki Bêngok, yèn ndhalang barongan wontên Têgal.
  3. Ki Kumêndung, yèn ndhalang topèng wontên Prabalingga.
  4. Enthol Kacabur, kala ngèngèr mbok randha Gotangan ing Banyuwangi
  5. Raka Brangsang, kala kautus S. Jati nimbali Sèh Lêmahbang.

Wêwah malih saking Elang Saripudin:

  1. nalika ngislamakên Samiaji = Prabu Yudhistira sarana maos pusakanipun “Sêrat Kalimasada, pêparab Abdurachman,
  2. anggèning asma Sèh Malaya kala kabuncang ing bêna dumugi samodra,

3 pêparabipun kathah sangêt. Angsal sêsêrapan saking sdr. Madhe Kawi ing Bali, yèn bangsa Sasak – agaminipun Islam – ing pulo Lombok, ugi nêngênakên kidungan, kangge ngrêksa babaran, kawaos sabên sêrap kp. 11, supados ki jabang sampun ngantos kenging gêndhak sikaranipun Kali-Kali buta Dengen. Ning wontênipun namung sêkar Dhandhanggêndhis. Pangintên ing rika, lajêngipun sêkar Sinom sp., mênika wewehan Surakarta. Kayakinanipun sdr. Lombaok, Kidungan wau bêgtanipun mpu Dwijendra alias Dhanyang Nirartha asli Majapait, kala wontên Lombok santun nama Radèn Surapati. Sarêng pindhah dhatêng Bali, karan Pêdandan Wahurawuh, misuwur kawruhipun jawi lêbêt. Putusipun kawruh Islam, dening nggêguru para wali ing Dêmak. Dhatêngipun ing pulo Lombok, Dhanyang Nirartha alias R. Sangupati wau, nêdya mêncarakên agami suci, kantun-kantun karumiyinan utusanipun Kj. Sunan Giri, dados pancakara agêng. Rèhne nunggil kajêng, tamtunipun botên kalajêngakên, ning botên purun ngawon, lajêng ngêdêgakên golongan Islam piyambak wêgtu 3, i.m. salatipun sadintên namung kp. 3: subuh luhur kasarêng ngasar mahrib kasarêng ngisa, ingkang sahabat Giri, nêtêpi sarak 5 wêgdal, karan golongan “Islam wêgtu 5”. Kalih golongan wau sapriki botên sagêd akoor. Dados ing Lombok samangke, wontên sarak Islam warni kalih: Islam wêgtu 5, Islam wêgtu 3. Ing Hindiya sisih kidul kilèn wontên golongan namung wêgtu 1 = salat 5 wêgtu dipun dadosakên 1 kasalatakên sapisan, nama golongan Ismailia, dipun pangagêngi Ingkang Minulya Aga Chan, cacahipun pêngikut kirang langkung 2 – 3.000.000. Kala jaman Inggris drajadipun Aga Chan wau dipun samèkakên kalihan raja alit, sêsêbutanipun Highness, kurmatanipun mriyêm kp.9 Tamtunipun para sdr. tagsih sami èngêt suraosipun Babad Cirêbon ingkang kula pratelakakên kala wau, yèn anggènipun K.S. Kalijaga mbarang ndhalang ngantos dumugi Banyuwangi, wontên pundi-pundi santun pêparab. Ing Bali-Lombok wontên pamêncar agami, pêndhak-pêndhak ugi santun wêwangi. Mangka Banyuwangi kalihan Bali namung kêlêt-lêtan sagantên ciyut nyabrang mangetan sapintên dangunipun. Dados upami R. Sangupati a. Pêdanda Wahurawuh wau sêsinglonipun K. S. Kalijaga, botên mustahil. Apês utusanipun. Ning rèhning nagari-nagari ingkang kawakan sami botên gadhah pèngêtan bab rawuhipun K. S. Kalijaga, pamawas kula kapunggêl samantên. Miyarsa Awit saking sadaya wau, kala Mulud kapêngkêr kula marlokakên dhatêng Cêrbon nakyinakên wontênipun dhukuh Kalijaga, ngiras ningali sêkatèn, têmbungipun ngrika “Muludan”, kados ingkang sampun kula angsal-angsalakên pêpanggihanipun P. Radyapustaka kala Sênèn kp. 31 Oktobêr ’55 ing pandhapi ngriki. Dene anggèn kula mriku botên namung ijèn awagan, dipun têrakên Elang Saripudin putra Sultan Kacêrbonan, tuwin mantu kaponakan R. M. Sugirwa kpl. Jwt. DPU, ingkang salaminipun nyambut damêl mèh dèrèng nate mêdal saking karesidhenan Cêrbon. Dados grêma kula botên sakêcêpêngipun kemawon. Kawuningana. Kalijaga mênika padhukuhan ing dhusun Harjamukti, kacamatan Cirêbon Sêlatan, kawêdanan Kota, prênah kidul kilèn kitha watawis 2½ Km, pinggir margi alit sambêtaning simpangan margi agêng Cirêbon-Têgal kalihan margi agêng Cirêbon-Kuningan. Têngahing dhusun pasareanipun S. Kalijaga, sawênèh cariyos yèn namung patilasan kemawon, dados jiyarahan agêng. Saya yèn nuju Muludan kados kala kula mriku, gilir-gumantosipun atusan. Namung botên sami kenging mlêbêt cungkup, namung sangajêng kontên kemawon. Wiwit regol capuri dumugi kontên cungkup watawis 3 M dipun gêlari klasa kalèmèkan montên pêthak saengga lopêr. Ingkang sami jiyarah nilari arta sakadaripun, kenging dipun sêbar ing lopêr wau. Mangka kathah ingkang arta pêcah, dados malah sae, pating prêlok kados sêsêkaran babut. Sumarenipun K. Sunan ing cungkup kalihan garwa tuwin putra satunggal, ingkang ndhèrèk salêbêtipun capuri sawatawis: klêbêt pasarean alit. Sangajêng regol wontên mêsjidipun alit tuwin lèpèn ugi alit, saking rêmbêsan ing dhusun Sampora, kacamatan lan kawêdanan Cilimus, kabupatèn Kuningan. Bokmanawi inggih lèpèn alit mênika ingkang kapratelakakên ing Sêrat Sêjarah Bantên kasbut nginggil. Juru kunci tagsih nèm ngakên run-tumurun, kula takèni sababipun nama Kalijaga, wangsulanipun: “têmbung Arab lêrêsipun chadlizaka”. Gotèkipun sdr. Cêrbon, kala R. Sahid puruita dhatêng Sunan Jati = Gunungjati, dipun dhawuhi madosi kêmiri pintên-pintên atus ingkang dipun sêbar ing lèpèn wau. Anggènipun madosi botên ketang[15] dirgamaning margi. Dèrèng ngantos pinanggih sadaya, katungka bêna bandhang, R, Sahid kerut dumugi samodra, botên kêblabak, malah tampi nugrahaning Pangeran pinanggih K.N. Kilir, lajêng puruita. Bontosing pamêjang dados Wali Panutup. Miyarsa Kangge jangkêp-jangkêp prêlu kapratelakakên, yèn masjid Agung ing alun-alun Kasêpuhan wontên kêistimewaanipun 4 ingkang kula gandhèngakên kalihan K. Sunan Kalijaga i.m.:

  1. Saka pananggap pojok kidul wetan mênika tatal, karan “saka tatal”, kados mêsjid Dêmak. Cariyosipun ingkang jagi, bugti yèn mêsjid wau yasanipun para wali.
  2. Yèn nuju salat Jêmuah, sanginggilipun ingkang kutbah dipun sulêdi clupak, gumantung ing payon pangimbaran. Bagda kutbah dipun pêjahi ingkang mêntas kutbah. Wontênipun warni 2 wau kula gandhèngakên kalihan S. Kalijaga, jalaran:
  3. Tamtunipun para miyarsa botên kakilapan ujaring para sêpuh, yèn mêsjid Dêmak mênika yasanipun para wali, namung kajêng sauwit saking wana Danalaya bawah Wanagiri. Sarêng mèh mbabar namung kirang sasaka, mangka kêtêlasan glondhong ingkang nyamèni agêng panjangipun, Kj. S. Kalijaga nuntên nglêmpakakên tatal katumpuk-tumpuk lajêng dipun wêngkoni dados saka, karan “saka tatal”
  4. Sêrat Sastramiruda nyariyosakên, yèn ringgit mênika yasanipun Prabu Jayabaya, pawingkingipun dipun ewahi, dipun bêsut, dipun wangun ss. dening para nata tuwin wali, Kj. S. Kalijaga mêwahi: kêlir, kayon, gêdêbog lan blincong. Hla kok mêsjid Agung Cêrbon wontên ingkang nganèh-anèhi urub-uruban sanginggilipun ingkang kutbah. Bakda kutbah dipun pêjahi ingkang mêntas kutbah piyambak. Yèn blincong nginggil dhalang, bagda ringgitan ingkang mêjahi inggih kyai dhalang piyambak. Kok sajak nunggil raos, mênapa pancèn têmbungipun êmpu “tanggul tangan!”.

Clupak gumantung ing pangimbaran sp. wau kula sumêrêp piyambak, kala Jêmuah kp. 30 Marêt mrêlokakên Jêmuahan mriku. Lajêng:

  1. Payonipun mêsjid botên dhapur tajug, nanging limasan dados tanpa mustaka. Tajug mênika yèn cara Cêrbon langgar, langgar mêjid alit ing kraton. Upami Surakarta Suranatan.
  2. Wontên jodhogipun ingkang murub tan kenging pêjah salami-laminipun. Ing Kraton Ngayoja inggih wontên nama Nyai Wiji; ing Surakarta “latu Sela”, mênika ingkang ing Babad winastan latu blêdhèg.

Miyarsa Kj. S. Kalijaga mênika muridipun S. Gunungjati lajêng dados ipe – sawênèh mantu – mangka mêsjid Kasêpuhan mênika mêsjid kratonipun S. Gunungjati. Mênapa mokal yèn sadaya wau anggitanipun R. Sahid alias S. Kalijaga?! Miyarsa Bokmanawi sadaya wau sampun cêkap kangge mbuktèkakên yèn:

  1. Kalijaga mênika têtela yèn têmbung Jawi lugu,
  2. dede namaning tiyang, ning namaning padhêkahan,
  3. Kj. S. Kalijaga karan padhêkahanipun,
  4. Kidungan yasanipun Kj. S. Kalijaga, dede I.S. kp. IV, utawi Pangeran Karanggayam,
  5. Wontênipun kidungan sumiyar ing T. Pasundhan, jalaran yasanipun Kj. S. Kalijaga kala dêdalêm ing Cêrbon, têpang watês kalihan Pasundhan,
  6. Dumuginipun kidungan ing pulo Lombok, saking rekadayanipun Kj. S. Kalijaga kala nylamur ngèngèr mbok randha Gotangan ing Banyuwangi: utusan ingkang pinitados nyêbar agami, utawi nyalirani piyambak.

Kajawi mênika wontên kaanan ingkang nadyan botên linea recta klêbêt golonganing sêsorah, ewadene prayogi kula pratelakakên, dening sampun awis ingkang mêningi i.m. pasimpênanipun wayang cucal ing kraton, mênika alitan kula wontên mêsjid Nêpèn gêdhong ingkang sisih lèr. Sarêng mêsjid kapindhah dhatêng Bandêngan nama Pudyasana, simpênan ringgit botên katut, pindhah dhatêng Pantipangarsa. Miyarsa Wontênipun kaanan wau kula pratelakakên, jalaran raos kula barang nylandri; combinatie mêsjid-wayang wontên sisihanipun mêsjid gangsa Sêkatèn. Mênika dede dumadakan, dede toeval. Anggitan wali, pamawas kula botên liya kajawi Kj. S. Kalijaga, jalaran ingkang kacriyos rêmên associatie panjênênganipun; ingkang kapratelakakên ing Babad Cirêbon kasbut nginggil angsring ndhalang dhatêng pundi-pundi panjênênganipun; ingkang ngrampungakên mêsjid Dêmak tuwin Cirêbon sarana damêl saka tatal inggih panjênênganipun. Ingkang mêwahi blincong ss ing padhalangan panjênênganipun; ingkang nyukani clupak pangimbaran mêsjid Cirêbon ing nalar inggih panjênênganipun. Abdi dalêm kêtib mênika 8 + pangulu = 9. Ing kaprajan nayaka 8 + patih = 9. Yèn I.S. miyos Jêmuahan, pangulu lan kancanipun kêtib sami cara kaji srimpang sutra satêbah dipun prapatakên = gekruisd ing dhadha. Cariyosipun Kyai Abdulmukti Handipaningrat wasta “ridaq”, têmbung Arab têgês rimong. Nyatanipun bangsa Arab botên rimongan. Hla kok Padanda Bali yèn ngrasuk kapraboning kapandhitan maweda ing pura, ugi nyrimpangakên = grkruisd oncèn-oncèn jênitri, ingaran gênitri. Mangka pangulu kêtib makatên inggih kenging kawastanan pandhita, anggèning dhatêng mêsjid wau badhe salat = mêmuja. Kok sajak nunggil raos malih.

Wasana sumangga.

  1. taksih (dan di tempat lain). (kembali)
  2. putusa = putus, ahli. (kembali)
  3. (kembali)
  4. pêksa. (kembali)
  5. sayêktos. (kembali)
  6. Kurang dua suku kata: amutiha lawan anawaha. (kembali)
  7. wêktu (dan di tempat lain). (kembali)
  8. (kembali)
  9. panyêrat. (kembali)
  10. pasêksèn. (kembali)
  11. asring (dan di tempat lain). (kembali)
  12. (kembali)
  13. nêksèni. (kembali)
  14. (kembali)
  15. (kembali)

Budaya dan Marketing Internasional

?????

  1. Perbedaan atawa Keberagaman Budaya Marketing Internasional 1.1 Perbedaan pendekatan-pendekatan budaya Pendekatan Antropologis Pendekatan Sosiologis Pendekatan Psikologis 1.3 Memahami, Mengkomunikasikan, Mengelola Memahami konsumen asing Memahami mitra kerja Berkomunikasi dalam perbedaan budaya Mengelola hubungan antarbudaya Situasi-situasi negosiasi kontrak Situasi konflik dan model resolusinya 1. Perbedaan atawa Keberagaman Budaya Marketing Internasional

Dulu,  manajemen perusahaan hampir selalu disibukkan oleh mesin, uang, dan pasar. Dan hal ini masih selalu terbuka untuk dinyatakan benar. Tetapi, dewasa ini, sebagai konsekuensi mondialisasi, manajemen diversitas menjadi aturan main mayor di seluruh irisan manajemen. Diversitas budaya (baca: multikulturalisme) dan pentingnya relasi-relasi antarbudaya terejawantahkan secara terbuka di semua sektor aktivitas marketing internasional. Beberapa ranah kritis manajemen antarbudaya manajemean kelompok multikultural dan proyek-proyek di luar negeri permaslahan ekspatriat kekuatan perdagangan internasional negosiasi kontrak-kontrak kontrak-kontrak perdagangan kontrak-kontrak representasi komunikasi iklan manajemen sumber daya manusia dan diversitas budaya manajemen relasi bisnis di luar negeri dan relasi konsumen

  • KEBUDAYAAN: SEJUMLAH KEBERSAMAAN DINAMIKA NILAI, PERILAKU UNTUK MEMPELAJARI KEPERCAYAAN, PENGETAHUAN, DAN PENGALAMANAN KHUSUS SUATU LINGKUNGAN DENGAN SEJARAHNYA, BAHASANYA, KARAKTERISTIK FISIK YANG KHAS (iklim dan geografisnya) ORGANISASI SOSIAL DAN AGAMANYA.

Unsur-unsur budaya itu mengantarkan kepada kode-kode yang menggerakkan hubungan antara individu dengan kehidupan sosial pada umumnya, dan hubungan bisnis pada khususnya. Karakter-karakternya yang khas berbeda menandainya akan spesifitasnya dan identitasnya yang berbeda satu budaya dengan budaya lainnya. Pada satu kelompok budaya atau dari satu negeri ke negeri lainnya, perbedaan sosiobudayanya dan kebiasaan-kebiasaan bisnisnya sama sekali berbeda—untuk memutuskan bahwa rencana marketingnya juga kudu berbeda. Jadi, ringkasnya begini saja–bahwa catatan di atas mendasari satu teori adaptasi marketing intrenasional. Pada titik ekstrem tertentu, sebuah perusahaan bisa saja menghindari pasar-pasar tertentu yang budayanya begitu jauh dari budaya perusahaannya. (bersambung)

LOMBA-LOMBA DALAM “FESTIVAL SEWU KITIRAN” 11 s.d 12 OKTOBER 2014

??????????

1. LOMBA KITIRAN

a.peserta bisa lebih dari satu orang pada setiap kelompok maks 3       
b.beaya pembuatan kitiran ditanggung peserta       
c.peserta wajib membawa kitiran pada saat mendaftarkan diri       
d.pendaftaran dimulai pada tanggal 3 Oktober dan ditutup pada tanggal 12 Oktober pk. 09.00       
e.tiap kelompok mendapat no peserta yang wajib ditempelkan pada tiang kitiran       
f.peserta untuk umum           
g.tinggi tiang kitiran minimal 3m           
h.bahan utama bambu selain itu bisa menggunakan bahan yang ramah lingkungan.    
Kriteria penilaian 
a. kitiran dapat berputar meski minim tiupan angin       
b. kitiran dapat menghasilkan bunyi-bunyian bernada yang berfungsi mengusir burung       
c. artistik, dan kerapian karya.  

Hadiah I= Rp 500ribu; II=Rp 300ribu; III=Rp 200ribu     

???????????????????????????????

2. LOMBA GEJOG LESUNG

a. 1 kelompok minimal terdiri dari 6 0rang
b. menggunakan busana tradisional
c. anggota meliputi : pemusik, penari dan penyanyi
d.setiap kelompok wajib membawakan 1 lagu wajib dan 1 lagu bebas.
c.durasi pementasan tidak lebih dari 10 menit.

Kriteria penilaian :
-aransemen musik, harmoni antara musik dan tari, kreativitas kostum dan keserasian

Hadiah I=Rp 500ribu; II=Rp 300ribu III= Rp 200ribu

c

3. LOMBA MENANAK THIWUL

a. bahan baku utama gaplek ( tiwul)
b. lauk pendukung tidak boleh lebih dari rp 20 rb
c. alat masak yang di gunakan harus tradisional (tungku grabah, kendil grabah, kayu bakar )
d. peserta boleh membawa peralatan tambahan seperti wajan, panci dll
e. peserta kelompok min 3 max 5 orang.
f. peserta harus menggunakan pakaian tradisional desa ( jarik, kebayak harian dll)
g. waktu memasak max 120menit

PENILAIAN :
a. rasa, proses memasak, display masakan.
b. keputusan juri tidak bisa di ganggu gugat.

Hadiah I=Rp 500ribu; II= Rp 300ribu; III= Rp 200ribu

topenglegger2006_2topenglegger2006_2

4. LOMBA FOTOGRAFI

Syarat Peserta:
a. Peserta dari kalangan Pelajar dan umum
b. Peserta hanya diperkenankan mengirim karya maksimal 3 buah foto

Syarat karya fotografi:
a. Peserta bebas menggunakan berbagai jenis kamera ( DSLR, Poket, Ponsel dll)
b. Karya yang diserahkan dicetak dengan ukuran A12 beserta softcopy sudah diformat dengan ukuran 30x40cm JPG/JPEG, dengan resolusi minimal 300 dpi
c. Menyertakan judul, keterangan foto (caption), tanggal pengambilan gambar, dan nama peserta di lembar terpisah (dalam formulir yang disediakan).
d.Dilarang menambahkan tulisan atau gambar apa pun di dalam karya foto yang dilombakan.
e.Olah digital diperkenankan sebatas kamar gelap (contras, hue, cropping, dodging, burning, saturation, level, curve, noise reduction/dust removing)
f. Pemotretan dilakukan di lokasi Festival Sewu Kitiran dari tanggal 3 Oktober s.d 12 Oktober 2014
g. Karya foto harus sesuai tema yang ditentukan
h. Dengan keikutsertaan, peserta dianggap telah menerima dan menyetujui seluruh persyaratan

Syarat Pendaftaran:
1. Penyerahan karya selambat-lambatnya pk 11.00 tanggal 12 Oktober 2014
2. Tiap peserta boleh mengikutkan lebih dari satu karya (maksimal 3 foto)   

Hadiah I= Rp 500ribu; II= Rp 300ribu; III= Rp 200ribu

??????????

FESTIVAL SEWU KITIRAN 2014

_DSC0796_2

Global Culture Institute (GCI)–sebagai gugus kerja budaya dosen dan mahasiswa UGM–semakin mengembangkan model pengabdian budayanya. Jika selama ini GCI identik dengan wisata desa Candran-Kebonagung, maka mulai tahun 2014, GCI merambah wilayah yang lebih kaya atraksi wsiatanya.

Tidak terlalu jauh dari Kebonagung, GCI menjalin kerjasama dengan tiga dusun di tepi Sungai Oyo untuk menyelenggarakan Festival Sewu Kitiran–dengan tema “budaya untuk kemandirian pariwisata”. Ketiga dusun yang berada di bilangan Kelurahan Sriharjo–masih di kecamatan Imogiri Bantul juga, Yogyakarta–berjejer dari timur ke barat: Kedungmiri, Sompok, dan Pengkol.

Selama ini, ketiga dusun tersebut, sebenarnya cukup dikenal di kalangan wisatawan lokal–meski tak urung kami temui wisatawan asing berseliweran di sana. Daya tarik utama kawasan tepi Sungai Oyo ini adalah sungai, jembatan gantung, sawah terasering, dan bukit-bukit karangnya yang menantang untuk dijelajahi. Namun, kekayaan atraksi alam tersebut tidak tersampaikan dengan semestinya kepada para calon pengunjung. Meski pula pemerintah Kabupaten Bantul terlanjur mendeklarasikan kawasan di bilangan Sriharjo ini sebagai destinasi wisata alam.

Untuk membantu masyarakat ketiga dusun membangun cita-citanya–banyak wisatawan datang dan pendapatan tambahan mulai bermunculan–GCI beserta Program Studi Bahasa Prancis, Program Studi Bahasa Jepang, dan Program Studi Bahasa Mandarin serta masyarakat ketiga dusun itu, sepakat untuk menggelar FESTIVAL SEWU KITIRAN 2014. Ketiga program studi tadi adalah program-program diploma bahasa yang bernaung di bawah Sekolah Vokasi UGM.

Sejatinya, festival ini adalah pengembangan manajemen budaya wisata desa yang dikembangkan GCI di laboratorium budayanya. Penerapan yang dilakukan GCI di kawasan Wisata Oyo ini bermuara kepada kemandirian masyarakat dalam mengembangkan kesejahteraan. Dasar pemikiran inilah yang menjadi uraian kegiatan Festival Sewu Kitiran 2014. Bahwa Festival Sewu Kitiran sebagai brand desa diperkaya dengan festival memasak thiwul, festival gejog lesung, dan lomba fotografi. Dan goal festival kemandirian ini adalah lokakarya pengembangan wisata desa yang diselenggarakan pada tanggal 11 Oktober 2014. Tentu, peserta lokakarya adalah mereka yang tercatat sebagai penduduk tetap di ketiga kawasan itu.

Ringkasnya, Festival Sewu Kitiran 2014 ini diselenggarakan pada tanggal 11 s.d 12 Oktober 2014, dan lokasinya di ketiga dusun tersebut. (muslikh)

 _DSC0341Pemandangan bukit terasering Kedungmiri yang  akan berhiaskan ratusan kitiran bambumulai 3 Oktober 2014 nanti.

Nini Thowong dan hantunya

Nini Thowong dan hantunya

Manusia mestilah terbilang mahluk kreatif, ini kalau saja Tuhan mengizinkan manusia dibandingkan dengan setan atawa malaikat.Mungkin sudah kodratnya manusia ngga bisa nonton hantu, wlo selalu ada yg bilang bhw manusia bisa lihat hantu, maka kreativitas lewat seni dan ritual lainnya, kreasi itu muncul. Begitu pula pada kasus Nini Thowong, yang semulacuma boneka tanpa daya, yang kini mulai dipercaya penduduk Candran dan para pengunjung Museum Tani,bahwa Nini Thowong sudah dimasuki jin.Percaya ngga percaya, waktu motret Nini Thowong yang lagi dirias,tiba2 bayangan hitam menyelinap dan tertangkap kamera….

Doddy Percildan mahasiswa

Doddy Percildan mahasiswa

Seni awalnya bukan tujuan hidupnya. Tetapi,setelah menekuni dunia konsultan,sebagai lulusan teknik sipil; Doddy Percil merasa bahwa panggilan hatinya adalah seni.Bersama Memet Chairul Slamet dosen ISI dan Kenyut, Doddy Percil menyumbangkan kebolehan merancang instrumen musik kaleng bekas. Dan karyanya itu dimainkan dalam Festival Memedi Sawah 2012 yang disponsori Global Culture Institute UGM bersama mahasiswa-mahasiswa Diploma Bahasa Prancis SV-UGM

Festival Ngliwet 2012

Festival Ngliwet 2012

Ngliwet, mungkin tidak lagi populer di lingkungan rumah tangga modern. Tetapi metode memasak ini perlu dikenang barang sesaat, sekurang2nya untuk mengingat kembalki bahwa pada masa tertentu kita bisa bikin nasi enak, pulen, dan gurih