Bab Purwanipun Wontên Tiyang Badui tuwin Cara-caranipun

Kasêbut ing serat Enam belas tjeritera pada menjatakan Hikajat tanah Hindia karanganipun Tuwan G.J.F Biegman sarisakipun karaton Majapahit, nalika taun 1478, ing tanah Jawi Kilèn kadhatêngan ngulama saking Arab, ajêjuluk:Sèh Nuridin Ibrahim bin Maolana Israel, inggih ugi apêparab Kangjêng Sunan Gunungjati, amargi mirit anggènipun adêdalêm ing rêdi jati sacêlakipun kitha Cirêbon nalika samantên ing tanah Jawi Kilèn wontên panjênênganing nata ingkang angrênggani karaton Pajajaran, akadhaton ing Gilingwêsi.

Kacariyos Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika karsa amêncarakên agami Islam inggih punika sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad dinil Mustapha panutuping para ambiya. Sarèhning panggalihipun sarèh lêmbah manah sarta asih ing sêsami-sami, pramila tiyang ing ngriku kathah ingkang kapengin anyêyantrik utawi anggêgêbal dhumatêng panjênênganipun.

Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika kagungan putra ajêjuluk:Sèh Sunan Udin, sarèhning ingkang rama sampun sêpuh:dados kawogan nyulihi minôngka bapa babuning para mukmin pangaubaning para pêkir miskin, ananging Sèh Kasanudin punika panggalihipun sulaya sangêt kalihan panggalihipun ingkang rama, (kalêbêt ing bêbasan: kacang tinggal lanjaran, utawi: banyu mili mandhuwur), awit anggènipun mêncarakên agami sarana wisesa tuwin roda paripêksa, malah kagungan karsa angêndhih karaton Pajajaran, asêngadi mêncarakên agami. Mila lajêng dhawuh dhumatêng para sakabat tuwin para murid ingandikakakên samêkta dêdamêl tuwin sangu, badhe kaajak ambêdhah nagari Pajajaran, sarèhning para sakabat tuwin para murid wau sami rumaos tuwuk tampi kêkucah utawi pêparingipun kangjêng sunan, mila sami gambira ing manah, angajab enggaling campuh pêrang, botên ajrih dhumawah ing sêsakit utawi pêjah, awit botên wontên malih ingkang urup kangge malês sih katrêsnanipun kajêng sunan, kajawi wutahing rah, pêdhoting otot tuwin putunging balungipun.

Wusana anuju satunggiling dintên panjênênganipun Sèh Kasanudin bidhal saking rêdi Jati, angirid wadyabalanipun, kathahipun tanpa wicalan, ananging panganggènipun maneka warna, lampahe wadyabala gumrêgut kados alun anêmpuh rêdi, kumrincinging kêndhali kumrêmpanging pêdhang tarung kalihan gadêbêg, sarta pangêriking turôngga andadosakên, asrining lampah, lêpas lampahing wadyabala, sampun dumugi talatah nagari Pajajaran, samargi-margi ambêbahak tuwin angêngobong-obongi pêkên ingkang kamargèn sami kajarah karayah, tiyang ing dhusun sirna gêmpang lumajêng angungsi gêsang, sami arêbat dhucung asalang tunjang, ingkang kacêpêng pinêjahan, rajakaya sami binoyongan, ingkang purun lumêbêt agami Islam, jalêr èstri dipun gêsangi, sadumugining kitha Gilingwêsi, wadyabala Islam sami nêmpuh sumêja pêjah sabil, enggal angatag kônca-kancanipun kotbuta angrangsang bitinging kitha angrisak baluwartining karaton, lajêng lumêbêt ing kitha angamuk punggung, sarèhning para wirotama ing Gilingwêsi, dèrèng asikêp dêdamêl awit saking botên andimpe mênawi pinrêp ing ripu, mila botên sagêd nanggulang krodhaning wadyabala Islam, mila lajêng sami lumajêng asar-saran ngungsi dhatêng wana, wontên ugi ingkang lajêng asrah bongkokan, lumêbêt agami Islam, satêngah-têngahing dahuru: sang prabu lolos kadhèrèkakên para garwa putra miwah sêntana punapa dene wadyabala sawatawis ingkang trêsna ing gusti.

Kacariyos sarêng para nayaka mantri tuwin bupati ing Gilingwêsi sami sumêrêp mênawi sang prabu lolos, lajêng sami nungkul sadaya, manut lumêbêt agami Islam, sarisakipun karaton ing Pajajaran, nalika taun: 1481 jajahan Pajajaran lajêng kaperang dados tiga

  1. jajahan karaton Cirêbon, ingkang jumênêng nata Kangjêng Susunan Gunungjati
  2. jajahan karaton Bantên, ingkang jumênêng nata panjênênganipun Sèh Kasanudin
  3. jajahan karaton Jakarta, ingkang jumênêng nata ingkang rayi Sèh Kasanudin.

Gêntos kacariyos lolosipun Sang Prabu Pajajaran tindak mangilèn dumugi ing tanah Bantên, ingkang kidul, sarêng dipun antawisakên botên wontên wadya Islam ingkang ambêbujêng lajêng adhêdhêkah ing ngriku, kaprênah ing èrèng-èrèngipun rêdi Kêndhêng urutipun rêdi Halimun (Sanggabuwana) amargi sampun mupus ing galih sarta nrimah dhumatêng takdiring Hyang Otipati, ngantos turun-tumurun taksih adêdunung ing ngriku botên purun pindhah pidalêm dhatêng sanès nêgari, sapunika taksih ugi taksih wontên turunanipun, inggih punika ingkang kawastanan tiyang Badui, manggèn ing dhusun Siboyo, Cikanèkès tuwin Cikamodor, cacahipun kirang langkung sèwu, tiyang samantên wau wontên ingkang kasêbut jalma ing lêbêt, wontên ingkang kasêbut jalma ing jawi.

Mênggah jalma ing lêbêt punika botên kenging langkung saking kawan dasa semah, sarta wontên kêkalih ingkang minôngka lêlurahipun, anama: Gerangpoon kalihan Gerangsêrat, wondene Gerangsêrat punika padamêlanipun dados juru kengkenan, kados ta têtumbas, sêsadean, sarta dados awak-awakipun tiyang Badui angrêmbag prakawis akalihan bôngsa sanès.

Muhamad Tahar, murid calon guru ing Ngayogyakarta Adiningrat

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s