Pêthikan Sêrat Puspaudyana: Bab Perangan Jasating Manungsa

arton251

Mênggah gêsanging manungsa punika kaperang dados tigang perangan agêng, ing têmbung Walandi dipun wastani: I. Liehaam têgêsipun badan wadhag II. Ploeidiek têgêsipun rahsa III. Geest têgêsipun suksma utawi pramana sukci. Inggih punika ingkang marentah saisining jaman, dene Ploeidiek tuwin Geest mênawi manungsa sampun dumugi ing janji môngka botên patitis pamisahipun, tamtu adamêl rêncananing pêjahipun, anuntun dhatêng karisakan, pramila tiyang gêsang sampun pêgat-pêgat angèsthi sampurnaning dumadi, murih sagêdipun mancad dhumatêng kalanggêngan ingkang sayêktos.

Bab Lare Bayi

Mênggah bayi punika sanadyan taksih wontên ing guwa garba, amêsthi kabacêm ing rah saking bapa biyungipun, dene rahsa wau kasêsêp dening ari-ari, salajêngipun manjing dhatêng bêbayi, inggih punika ingkang minôngka têdhanipun bêbayi ing salêbêtipun wontên guwa garba. Tandhanipun, bilih bayi wau nêdha: sarêng lair dèrèng sapintên dangunipun sampun wawratan tenja.

Bab Sipating Manungsa

Mênggah ingkang kasêbut ing salêbêting kitab-kitab, kawontênanipun manungsa ing salumahing bumi, sakurêbing langit punika kaperang dados 10 warni, kados ta:

  1. manungsa siphat nabi, mênggah manungsa ingkang sipat nabi, punika tiyang ingkang têtêp ngibadahipun, anêtêpi sarat sunat, sarta asring maos Kuran, tuwin kitab-kitab punapa malih agêng cêcêgahanipun, sidik pangucapipun, anuhoni janji, ngupados rijêki tuwin arta saking barang kalal, purun warah sae manis gujêngipun, asih ing badanipun piyambak saha tiyang sanès, punapa malih rila asêsêgah tamu miwah adêdana ing liyan.
  2. Manungsa sipat wali. Manungsa sipat wali punika tiyang ingkang bêtah cêcêgah kathah subasitanipun, rila ing sok tiyanga, botên mèngèng ing donya asih ing Gusti Allah, punapa malih sagêd mêdal karamatipun.

III. Manungsa sipat malaekat. Wondene manungsa ingkang sipat malaekat punika tiyang ingkang kiyat angirang-ngirangi samukawis inggih punika ngirangi sahwat, nêdha, tilêm tuwin sanès-sanèsipun.

  1. Manungsa sipat eblis, manungsa sipat eblis punika têgêsipun tiyang ingkang awon pikajênganipun saha rêmên durjana juti.
  2. Manungsa sipat setan. manungsa sipat setan punika têgêsipun tiyang ingkang purun ngawoni bangsanipun piyambak, awit gadhah melik dhatêng rajabrananipun pikajênganipun botên sanès, namung supados sagêda enggal cêkap kalihan manah pangôngsa-ôngsa.
  3. Manungsa sipat kajêng: mênggah manungsa sipat kajêng punika tiyang ingkang lêrês pangucapipun, jêjêg lampahipun, nanging suwêng tampa ngèlmi, sagêdipun namung andaludur kemawon.

VII. Manungsa sipat sela: têgêsipun manungsa sipat sela punika, tiyang ingkang antêng sangêt, sanadyan wontêna punapa-punapa inggih kèndêl kemawon, kados kul dipun dulêg, punapa malih tanpa ngèlmu.

VIII. Manungsa sipat toya: têgêsipun manungsa sipat toya punika tiyang ingkang sukci niyatipun, sukci panganggenipun, nanging amung ngajêngakên basa satunggil kemawon.

  1. Manungsa sifat dênawa; manungsa sipat dênawa punika tiyang ingkang kêndêl kalihan wêwaton lêrês, purun nêrak dhatêng barang ingkang kasar-kasar, jalaran botên sumêrêp.
  2. Manungsa sipat kewan: manungsa sipat kewan punika tiyang ingkang tansah cêgah nêdha tuwin tilêm, karêm dhatêng sanggama tur tanpa ngèlmi.

Bab Kawontênaning Panggagas

Mênggah wontênipun wujud punika saking botên wontên-wontênipun gêsang saking pêjah. Tumrapipun dhatêng manungsa inggih makatên ugi. Milanipun manungsa sami ajrih utawi botên purun pêjah, saha ajrih utawi botên purun sirna wujudipun awit ing wau-waunipun sampun nate botên wontên: saha malih sampun nate pêjah. Pantêsipun tiyang ajrih punika yèn dèrèng nate nglampahi, wangsul ingkang sampun punapa lêrês, yèn ta nganggea was-uwas awit ing ngriku (salêbêting pêjah) botên karaos punapa-punapa, tuwin botên anggadhahi rumaos punapa-punapa. Ingkang samantên wau punapa botên kenging kawastanan: nikmat linangkung, pramila punika manungsa prayogi manaha ingkang panjang, supados botên kalintu panampi, pundi ingkang wajib ingajrihan, pundi mêsthi pinurunan (winantunan) amargi mênawi kalintu, andadosakên kirang prayogi. Ingkang wajib dipun ajrihi tuwin ingkang lêrêsipun dipun puruni punika botên tumrap badhe sirnaning wujut saha pêjahing manungsa kemawon, sanadyan lampah tindak utawi nalar sanès-sanèsipun salêbêting donya punika inggih ugi makatên. Menggah sarananipun sagêd manah panjang, supados botên kalintu panampi, manungsa kêdah asring mirêngakên kêkojahan tuwin wêwulang, kêdah tabêri maos sêrat cariyos ingkang maedahi saha isi wêwulang tuwin kawruh sae, sanadyan sadhengah bôngsa, inggih kêdah katitenan sabarang ingkang dipun mirêngakên, utawi ingkang dipun tingali, saha malih kêdah angraosakên, barang ingkang rinaosakên, utawi sabarang ingkang dipun ambêt.

Bab Panalôngsa

Sampun watêkipun manungsa wontên ing ngalam donya, mênawi sawêg manggih kabêgjan, sangêt anggènipun kasupèn, nanging mênawi kataman ing kacilakan sangêt anggènipun kèngêtan, môngka sayêktosipun pun cilaka sampun andingkik wontên sacêlaking cêngêlipun, awit saking sangêting pangêluh saha panggrêsahipun, ngatos kasupèn sarta ical pitadosipun dhatêng Gusti Allah, ingkang adilipun sampun kacêtha ing jagad, kuwasa angêntas kacilakan dhatêng kabêgjan, mênggah kêkalih wau têtela dede urusaning tekad.

Dhuh manungsa, ingkang namung sadrêmi anglampahi, bingah susah mugi sami èngêta dhatêng kridhaning kodrat, kados ta: ing wanci enjing surya malêthèk, sarêng ing wanci sontên surya sêrap, ing wêktu punika Gusti Allah karsa andhawahakên jawah,inggih ugi kalêksanan makbrês jawah dêrês. Tumuntên pêtêng alêlimêngan, lajêng têrang byar sarta padhang têrawangan, samantên wau kodrating Pangeran botên kenging winancenan saha dinugi dening manungsa. Anggènipun manungsa tinitah gêsang dening Gusti Allah, mênawi kagagas kalihan sajatining agêsang, têtela sangêt, bilih gesangipun manungsa wontên ing alam donya namung ngupadosi margining pêjah, jêr botên badhe wontên pêjah, mênawi botên wontên gêsang. Manungsa wiwit lair tinitah ing ngalam donya sampun angalami pêjah, liripun makatên: saya mindhak umuripun, manungsa saya nyêlaki dhatêng êdhonging pêjah. Dados sayêktosipun lêlampahanipun manungsa ing ngalam donya punika sadaya: têtêp kawastanan sakarat ingkang taksih winados. Dene wujudipun sakarat ingkang taksih winados punika warni-warni, kados ta: dados tiyang papa utawi sugih, dados priyantun, utawi tiyang alit, wontên ingkang blatèr anjogèd, wontên ingkang taniyutun, punika sadaya ugi sakarat ingkang taksih winados, cêkakipun punapa-punapa ingkang dipun alami utawi ingkang dipun sandhang ing manungsa wontên ing ngalam donya punika sadaya kawastanan sakarat ingkang taksih winados, mênggah sakarat ingkang taksih winados wau ugi botên beda kalihan sakaratipun tiyang badhe pêjah, inggih punika nalika badhe pêcating nyawa: wontên ingkang awon, wontên ingkang sae, ingkang awon kados ta: budi angkara, anglampahi nêrak anggêr-anggêring Allah, para cidra, jina, kadursilan, jail, muthakil, drêngki, dahwèn, panastèn sapanunggilanipun, sadaya wau namung rêringkêsanipun kemawon.

Wusana sarèhning manungsa wiwit ing lairipun sampun amiwiti pêjah, dados anggènipun tinitah sugih miskin, luhur asor, pintêr bodho, sadaya wau namung anêtêpi sakarat ingkang taksih winados, ingkang makatên wau amêsthi badhe damêl tipis mênggahing kadagingan sarta kajiwanipun, inggih punika jasmani akalihan rokhani, mênawi botên kaparsudi kalihan saliring kangelan, sagêdipun manggih kunci, kangge ngwêngakakên gêmboking suwarga. Kunci wau panggenanipun botên wontên ing sagantên latu utawi ing wanawasa, kinêkêr ing asamar, dumunung ing jagading manungsa piyambak.

Bab Kawruh Kasampurnan

  1. Ihtiyaring kita punika punapa sagêd anyandèkakên takdiring Allah. Wangsulanipun: botên, nanging kawastanan sagêd, lo, kadospundi, dene têka botên manggèn utawi botên cècèg, ingkang makatên punika jalaran têmbung wau saking samaripun, amargi ingkang kagadhuhakên tumitahing ngalam donya punika kêdah ngagêngakên ihtiyar, awit sadaya titah botên kaparingan sumêrêp watêsaning takdir, tamtu badhe nyêpênakên ihtiyar. Mênggah wajibing titah (têgêsipun kawula) kêdah angêncêngakên pisahipun ihtiyar kalihan takdir, dene wajibing Gusti ingkang ngasta panguasa, angêncêngi ihtiyar takdir wau satunggil, dados wontên ngibaratipun: takdir punika uwit, ihtiyar punika ronipun, ngajêng-ajêng sagêdipun badhe sêkar, pêntil tuwin uwoh.
  2. Salêbêting maladi êning, punapa ingkang dados tandhanipun katarimah. (Wangsulanipun) mirit saking cariyosipun para sêpuh-sêpuh ing jaman kina, ingkang sampun nate anglampahi, ingkang dados tandhanipun katrimah wau warni-warni, kados ta: wontên ingkang kacêtha salêbêting netra, wontên ingkang kapiyarsa saking swara, nanging ingkang kacêtha wau taksih bôngsa siswata (têgêsipun jarene).

III. Ebahing cipta awon akalihan cipta sae punapa tunggil ingkang ngebahakên. (Wangsulanipun) manut wêwarahipun para sagêd makatên: 1. napsu, budi, suksma, punika wajibipun angebahakên wolung prakawis, kados ta: 1 urip, 2 luwe, 3 ngêlak, 4 sahwat, 5 sêrêng, 6 supe, 7 bingung, 8 pangling, dalah kosokwangsulipun pisan. 2. rah, punika wajibipun angebahakên kawan prakawis, kados ta: 1 santosa, 2 bingah, 3 raharja, 4 saras, sarèhning babagan kêkalih wau tuwin tandukipun sanès-sanès, dados angèmpêri ingkang kawajiban angebahakên wau ugi sanès-sanès.

Surabaya Bêsar Je ôngka 1830

Kaimpun dening Mas Sastradiharja. Kandhidhat guru ing Surabaya.

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s